Kompor
Kompor ya iku piranti masak kang ngasilaké panas asal saka geni.[1] Kompor lumrahé tinemu ing pawon.[1] Bahan bakar kompor warna-warna kaya ta:[1]
- LPG utawa Elpiji (gas)
- Resistansi listrik (dengan elemen pemanas)
- Kayu bakar
- Bahan bakar lenga utawa lenga gas
- Bahan bakar padat kaya ta areng, briket batu bara.
Ing laboratorium kompor lumrahé minangka manasaké sampel utawa bahan kang diuji cobaké ing percobaan.[1]
Sajarah
[besut | besut sumber]Nalika jaman peradhaban, manungsa wis ngerti geni kanggo ngolah panganan mentah supaya mateng.[2] Bangsa Timur kaya ta Cina, Koréa, lan Jepang wis luwih dhisik ngerténi kompor utawa tungku tinimbang bangsa barat.[2] Nalika tinemu kang sepisanan kompor dhapuré kaya tungku.[2] Tungku geni wis ana ing Cina wiwit jaman Dinasti Qin (221-206/207 SM).[2] Tungku iki digawé saka lemah.[2] Désainé mirib karo kamado ing Jepang nalika periodé Karajan Kofun ing abad 3 nganti 6.[2] Kamado nduwéni wujud kothak persegi kang ngurungi geni ing bolongan dhuwuré kanggo wadhah panci.[2] Kamado dhuwuré sakdhengkulé wong diwasa.[2] Bahan bakar kamado ya iku kayu utawa batubara kang dilebokaké saka bolongan ing pérangan ngarep.[2] Kamado terus dienggo nganti periodé Karajan Edo ing taun 1603-1867.[2]
Sing ndunungi Éropah ing abad pertengahan isih masak nganggo kayu baker.[2] Banjur nggawé tatakan kang luwih cendhek kanggo masak.[2] Saliyané iku ana uga kang masak nganggo perapian saka watu kang kasusun.[2] Perapian iki dhuwuré padha kaya bangkékan.[2] Perapian iki uga diwénéhi cerobong pega.[2] Kanthi cara iki masak bisa karo ngadég.[2] Panci kang kanggo masak diséléhaké persis ing sandhuwuré geni, kanthi cara digantung ing saka utawa kaki tiga.[2] Kanggo ngatur panas mung ngunggahke utawa ngedhunake panci.[2]
Kompor lenga gas portabel kang sepisanan digawé nalika taun 1849.[2] Kang nggawé kompor lenga iki jenengé Alexis Soyer.[2] Kompor gas kang sepisanan digawé taun 1820.[2] Tanggal 20 September 1859 George B. Simpson ing Washington DC, Amérikah Sarékat nggawé hak patén kompor listrik kang nggunakaké pemanas saka kumparan.[2] Énergi listrik bisa diowahi dadi énergi panas saka kumparan.[2] Taun 1970 ana ide kang nganti kumparan kawat karo glass-caramic, saéngga kompor saiki ora ana ambuné, ora ana pegané lan bisa ringkes, ora ngentékké panggonan.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |